Senin, 07 Juni 2010

MATI: Mati roso, mati jiwo, mati rogo.
Sejatine wong urip iku sak dremo nglampahi opo sing wes dadi mestine soko sing Kuoso, yo iku sopo, Gusti Engkang Moho Kuaos, Gusti Alloh.
Manungso ora biso ngelak, ngindari, ngajuk'e utowo ngundur ake kapan iku wanci ne mati.

Mati iku yo ra pilih-pilih wanci ne, arep esok, awan utowo bengi, yen wis tekan jatahe mati yo mati.

Awak'e dewe ra ngerti kapan mati iku tekan marang awak kito pribadi.

Wong mati iku sesuk nek nang akhirat kabeh amale dipertanggungjawab ake. Amal becik utowo amal sing olo, kabeh diitung marang Gusti Allah. Sing duwe amal akeh mesti mlebu suargo, lan sing duwe amal olo luweh akeh mesti mlebu neroko...

Nanging kunci kabeh mau iku sejatine seko amal sholate, yen amal sholate becik, wes mesti amal liyani diangggep becik, nanging sebalike, yen amal ibadah liyane becik, nanging amal sholate olo utowo ora ono babar blas, mesti yo mlebu neroko...

Mati roso.
Wong urip nang ngalam ndonyo iku kadang rogo iseh gagah waras, ananging ora sethithik sing mati roso. Mati roso kamanungsane. Ora perduli karo sanak sedulur, tonggo teparo, lan sak podho-podho. roso iku mau akeh sing keganti karo roso serakah, umuk, dengki, pamer karo opo-opo sing dadi duweke, tanpo duwe roso ngrasake wong nang sekitare sing ora duwe bondho. Deweke ora sadar nek sejatine kabeh opo-opo sing di duweki iku duweke Gusti Allah kabeh. Manungso dititipi supoyo digunak ake marng amal kabecikan, bantu sapodho-podho, ora njur dipamer-pamer ake.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar